KELUARGA SAKINAH (BOSO JOWO).
1. Mukadimah
Assalāmu‘alaikum warahmatullāhi wabarakātuh.
Alhamdulillah hamdan katsiron thoyyiban mubarokan fih kamaa yuhibbu Robbuna wa yardho, wa asyhadu alla ilaha illallah wahdahu laa syarika lah wa asy-hadu anna Muhammadan ‘abduhu wa rosuluh. Allahumma sholli ‘ala Nabiyyina Muhammad wa ‘ala alihi wa shohbihi wa sallam.
Ama ba’du
Dumateng poro sesepuh pini sepuh, adi sepuh ingkang satuhu kinormatan. Dumateng poro ustadz ingkang tansyah ingkang kawulo hormati. Dumateng bapak-bapak, ibu-ibu poro sederek ingkang kawulo tresnani.
Alhamdulillah, Monggo kulo dereaken sesarengan ngunjuaken raos syukur dumateng Allah ta’ala inkang sampun paring dumateng kulo lan panjenengan sami mapinten-pinten kenikmatan, sae nikmat sehat, nikmat kalodangan wekdal, nikmat saget panggih kalih sederek-sederek kito, nikmat islam, nikmat iman lan ugi nikmat sunnah.
Allah ta’ala ngendikaaken :
لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ.
“Menowo siro podo syukur (marang ingsun Allah), ingsun bakal tambah nikmat ingsun marang siro, nanging menowo siro podo kufur, sak temene adzabku kono mau temen abot.” (QS. Ibrahim [14]:7).
Shalawat lan salam mugi tansah kahunjukaken dhumateng nabi Muhammad shallallāhu ‘alaihi wa sallam, keluargane, para sahabat, lan umat Islam ingkang tansyah ndereki pitedahipun ngantos dinten kiamat, aamiin.
2. Makna Keluarga Sakinah
Keluarga sakinah punika asale saka tembung Arab, السَّكِينَة)as-sakīnah), inkang artosipun tentrem, damai, lan ayem. Keluarga sakinah inggih punika keluarga ingkang saget njagi ketentreman ing atine, saling ngormati, lan ngajeni siji lan sijine.
Dalil Al-Qur’an, Allah ta’ala paring pangandikan:
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُم مِّنْ أَنفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُم مَّوَدَّةً وَرَحْمَةً.
“Lan klebu tondo-tandha (kekuasakane) Allah yaiku Panjenengane Allah ndadeake pasangan saka jenis ira, supaya siro padha tentrem marang dheweke. Panjenenganipun Allah ndadekake katresnan lan welas asih antara ning siro.” (QS. Ar-Rūm30]: 21).
Keterangan Ulama:
Ibnu Katsīr nerangake, litaskunū ilayhā iku ateges supaya suami lan istri padha tentrem atine lan tansah bebarengan kanthi rasa katresnan lan welas asih. ( Tafsir Ibnu Katsir QS Ar-Rūm [30]:21).
3. Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam Conto Kepala Keluarga.
Nabi Muhammad shallallāhu ‘alaihi wa sallam minangka conto kepala keluarga sing paring tuntunan dhumateng kita. Panjenenganipun tegas lan welas asih marang keluarga, ngupadi kebaikan kanggo keluargane, lan ngajarake adab lan iman.
Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam paring sabdo:
خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ، وَأَنَا خَيْرُكُمْ لِأَهْلِي.
Tegese:
“Sebaik-baik kalian yaiku sing paling apik marang keluargane, lan aku iku sing paling apik marang keluargaku.” Hadits – HR. Tirmidzī no. 3895 (hasan shahih)
keterangan:
Hadits punika nuduhake bilih kabecikan tiang meniko bisa diukur pripun anggenipun carane ngurus keluarga, lan Nabi Muhammad minangka teladan paling apik ing babagan punika.
4. Tugas Suami lan Istri
Tugas Suami:
1) Suami minangka pemimpin keluarga.
2) Tanggung jawab ngurus kebutuhan keluarga (nafkah).
3) Ngajaga kehormatan lan martabat keluarga.
4) Lembut lan adil marang istri.
5) Paring tulodo iman lan amal shalihipun
Dalil:
الرِّجَالُ قَوَّامُونَ عَلَى النِّسَاءِ
Tegese:
"Wong lanang kuwi pinongko pemimpin kanggo wanita." (QS. An-Nisā'[4]: 34).
Tugas Istri:
1) Taat marang suami ing perkara sing bener.
2) Njaga rumah lan kehormatan.
3) Ndidik anak-anak kanthi cara Islam.
إِذَا صَلَّتِ الْمَرْأَةُ خَمْسَهَا، وَصَامَتْ شَهْرَهَا، وَحَصَنَتْ فَرْجَهَا، وَأَطَاعَتْ زَوْجَهَا، قِيلَ لَهَا: ادْخُلِي الْجَنَّةَ مِنْ أَيِّ أَبْوَابِ الْجَنَّةِ شِئْتِ
Tegese:
“Yèn wanita shalat lima wektu, puasa Ramadan, njaga kehormatane, lan taat marang bojone, bakal diundang mlebu surga saka lawang sing dipengini.” (Hadits hasan riwayat Ibnu Hibban 1296).
Keterangan:
Hadits punika nuduhake bilih wanita sing njaga agamane kanthi taat marang Allah, puasa, shalat, lan setya marang suami, bakal diparingi ganjaran surga saka lawang sing dipengini.
الَّتِي تَسُرُّهُ إِذَا نَظَرَ، وَتُطِيعُهُ إِذَا أَمَرَ، وَلَا تُخَالِفُهُ فِي
نَفْسِهَا وَمَالِهَا بِمَا يَكْرَهُ.
“Yang paling menyenangkan jika dilihat suami, mentaati suami jika suami memerintahkan sesuatu, dan tidak menyelisihi suami dalam diri dan hartanya dengan apa yang dibenci oleh suaminya.” (HR. An-Nasa’i 3231, di shahih oleh Syaikh al-Albani)
5. Anak minangka Amanah
Allah ta’ala berfirman:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا
Tegese:
“Wahai wong-wong mukmin, jaganen awakmu lan keluargamu saka neraka.” (QS. At-Taḥrīm[66]: 6).
Keterangan Ulama:
Ali bin Abī Ṭālib nerangake: Ajari keluargamu kebaikan lan didik kanthi adab. ( Tafsir Ibnu Katsir QS At-Tahrim [66]:6).
6. Pilar Keluarga Sakinah
1. Iman lan taqwa.
2. Shalat berjamaah.
3. Komunikasi sing apik.
4. Sabar lan tepa slira.
5. Musyawarah ing masalah penting.
6. Ndongakake pasangan lan anak.
7. Pungkasan atur.
Keluarga sakinah dudu tegese tanpa masalah, nanging kanthi komitmen bebarengan kanggo njaga ketentreman, iman, lan saling nguatake.
Mugi rumah tangga kita diparingi Allāh dados rumah tangga sakinah, mawaddah, wa raḥmah. Āmīn.
Wassalāmu‘alaikum warahmatullāhi wabarakātuh.
-----000-----
Sragen19-04-2025
Junaedi Abdullah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar