Sabtu, 05 Agustus 2023

TABARRUK DITIMBANG KALIH SYARI’AT

Alhamdulillah hamdan katsiron thoyyiban mubarokan fih kamaa yuhibbu Robbuna wa yardho, wa asyhadu alla ilaha illallah wahdahu laa syarika lah wa asy-hadu anna Muhammadan ‘abduhu wa rosuluh. Allahumma sholli ‘ala Nabiyyina Muhammad wa ‘ala alihi wa shohbihi wa sallam.


Ama ba’du

Dumateng poro sesepuh pini sepuh, adi sepuh ingkang satuhu kinormatan. Dumateng poro ustadz ingkang tansyah ingkang kawulo hormati. Dumateng bapak-bapak, ibu-ibu poro sederek lan ugi poro pamiarso radio mas FM ingkang kawulo tresnani.

Alhamdulillah, Monggo kulo dereaken sesarengan ngunjuaken raos syukur dumateng Allah ta’ala inkang sampun paring dumateng kulo lan panjenengan sami mapinten-pinten kenikmatan, sae nikmat sehat, nikmat kalodangan wekdal, nikmat saget panggih kalih sederek-sederek kito, nikmat islam, nikmat iman lan ugi nikmat sunnah.

Allah ta’ala ngendikaaken :

لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ.

“Menowo siro podo syukur (marang ingsun Allah), ingsun bakal tambah nikmat ingsun marang siro, nanging menowo siro podo kufur, sak temene adzabku kono mau temen abot.” (QS. Ibrahim [14]:7).

Bapak ibu lan adik-adik rahimani wa rahimahullah.

Allah mboten ngersakne kulo lan panjenengan wonten mriki gejawi namung kesaenan in syaa Allah, sedanten meniko mboten sanes amargi nindak aken dawuhipun Allah ta’ala lan ugi dawuhipun kanjeng nabi Muhammad sallallahu ‘alaihi wa sallam:

Allah ta’ala ngendiko:

فَاعْلَمْ أَنَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنْبِكَ.

“Ngertenono menowo ora ono sesembahan kang haq kejobo Allah, lan siro podo njaluko pangapuro soko doso-doso siro.” (QS. Muhammad [47]:19).

Meniko dawuh ipun Allah ta’ala supados kito meniko tansyah nyinau agami meniko.

Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam ugi ngendiko:

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ.

“Golek ilmu kuwi wajib kanggo saben wong kang islam.” (HR. Ibnu Majah. Dishahih oleh Syaikh Albani dalam Shahih wa Dha’if Sunan Ibnu Majah  224)

Allah ta’ala kersakaken kesaenan meniko awet Rosulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam ngendiko:

مَنْ يُرِدِ اللهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِي الدِّينِ.

“Sopo kang Allah karepne kebecian marang wong kono mau, Allah bakal pahamke deweke ono agama.“ (HR. Bukhari 71, 3116, Muslim 1037).

 مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَلْتَمِسُ فِيْهِ عِلْمًا، سَهَّلَ اللهُ لَهُ بِهِ طَرِيْقًا إِلَى الْجَنَّةِ.

“Sopo wonge lumaku tumuju ono panggonan ilmu, Allah bakal gampangne deweke dalan tumuju ono surgo.” (HR. Muslim 2699, Ahmad 7427). 


Bapak ibu lan adik-adik lan poro pamirso radio mas FM, rahimani wa rahimahullah.

Tebihipun kanjeng nabi sampun dipun utus, katah kaum muslimin mboten mangertosi malih perkawis-perkawis wonten agamanipun.

Ngantos-ngantos perkawis ingkang baken magepokan kalih tauhid lan syirik, sami mboten mangertosi, kados contonipun tabaruk (ngalap berkah), katah ingkang tasih dereng mangertosi, pundi inkang dipun keparengaken lan pundi ingkang dipun awisi.

Pranyoto meniko mboten namung wonten masyarakat negari kito meniko kemawon, nanging ugi negari-negari sanes.

Milo wonten kalodangan dalu meniku kanti nyuwun pitulungan dumateng Allah subhanahu wa ta’ala kito bade jlentrehne sekedik kanti ringkes babakan meniko.

 

1.   Pengertosan barokah utawi berkah.

Barakah utawi berkah nggadahi pengertosan nggih meniko nikmat. (kamus Munawir),

Utawi النَّمَاءُ وَالزِّيَادَةُ, tukul (tumbuh) lan soyo tambah (lisanul arab).

Abu Muhammad Ibnu Hazm ngendiko:

وَالْبَرَكَةُ هِيَ النَّمَاءُ وَالزِّيَادَةُ وَثُبُوتُ الْخَيْرِ.

“Barokah yoiku tukul (tumbuh), tambah, tetepe kesaenan.” (Subulus Sallam).

Saking mriki barokah meniko saget dipun wastani : “Tetepipun, tambahan, kesaenan utawi kenikmatan, nopo kemawon ujudtipun ingkang Allah paringaken dumateng hamba.” Allahu ‘alam.

 

2.   Macem-macem tabarruk (ngalap berkah).

1)   Masru’, tegesipun kados nopo ingkang dipun dawuhaken wonten syari’at.

2)   Bid’ah, tegesipun bertentangan kalih sunnah.

3)   Syirik, tegesipun saget ndadosaken tiang ingkang nindakne saget musyirk.

 

Sepindah: Tabarruk ingkang dipun syari’ataken.

Meniko wonten werni kalih:

1)  Tabarruk mawi dzat (benda).

2)  Tabarruk ingkang maknawi.

Tabaruk (pados berkah) mawi dzat, kados ingkang dipun sebataken wonten Al-Qur’an lan Sunnah, kados kesaenan wonten toyo zam-zam, kurmo, madu, buah tin lan zaitun.

Saking Ibnu Abbas, Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabdo:

خَيْرُ مَاءٍ عَلَى وَجْهِ الْأَرْضِ مَاءُ زَمْزَمَ، فِيْهِ طَعَامُ الطَّعْمِ، وَشِفَاءُ السَّقْمِ.

“Sak becik-becik e banyu sak lumahing bumi yoiku banyu zam-zam, banyu zam-zam kuwi pinongko pangan sing iso ngwareki, lan pinonggko obat kanggo penyakit.” (HR. Thabrani di dalam Mu’jam al-Ausath 3912,di hasankan Syaikh al-Albani di dalam As-Shahihah 1056).

Keberkahan kurma, Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabdo:

مَنْ تَصَبَّحَ بِسَبْعِ تَمَرَاتٍ عَجْوَةً، لَمْ يَضُرَّهُ ذَلِكَ الْيَوْمَ سُمٌّ، وَلَا سِحْرٌ.

“Sopo wonge kang mangan kurmo ajwa cacahe pitu iji, ora mbebayani dino kuwi marang deweke racun uto sihir.” (HR. Bukhari 5779, Muslim 2047).

1)  Tabarruk ingkang maknawi.

Tabaruk kanti nindakeken amalan, kados maos Al-Qur’an, shalat, maos bismillah lan sanes-sanesipun.

Allah ta’ala ngendiko:

كِتَابٌ أَنْزَلْنَاهُ إِلَيْكَ مُبَارَكٌ لِيَدَّبَّرُوا آيَاتِهِ وَلِيَتَذَكَّرَ أُولُو الْأَلْبَابِ .

“Kitab kang di wahyune marang siro iki kebak berkahe, supoyo wong-wong kono mau nggatekne ayat-ayate, lan supoyo njukuk pelajaran wong-wong sing nduweni pikiran.” (QS. Shad[38]:29).

Tabarruk kalih panggenan, kados wonten Masjidil haram, masjid Nabawi, dan masjidil Aqsha.

سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ.

“Moho suci Allah kang nglakkokne hambane ono wanci wengi soko masjidil haram tumuju masjidil aqsa kang kito berkahi sekelilinge.” (QS. Al-Isra’[17]:1).

Tabarruk dengan waktu, kados malam Lailatul Qadar, I'tikaf wonten sedoso dintenipun utawi wonten wulan Ramadhan.

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةٍ مُبَارَكَةٍ.

“Sak temene kito wahyukne Al Qur’an kono mau ono wanci wengi kang di berkahi.” (Qs. Ad-Dukhan[44] : 3).

Ibnu Katsir negendiko, “Tegese iki ono wulan Romadhan, koyo dene firman Allah ta’ala, شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزلَ فِيهِ الْقُرْآنُ. “Sasi Ramadhan kang di dunke ono sasi Ramadhan kono mau Al-Qur’an.” (Tafsir ibnu Katsir, QS. Al-Baqarah [2]:185).

Sedanten meniko berkah maknawi, sinten ke mawon pikantuk keberkahan menawi kanti nindakaken ketaatan dumateng Allah subhanahu wa ta’ala.

Kalih: Tabaruk ingkang nyelisihi Sunnah.

Kados tabarruk dumateng makhluk, kanti keyakinan Allah ingkang paring manfaat lan madharat, nanging amalan ingkang dipun lampahi kolo wau mboten wonten tuntunane sae saking Al-Qur’an utawi Sunnah, tiang engkang ngamalaken ngadahi pemanggih Allah paring ganjaran naliko nindakaken kados ngaten kolo wau, niki mboten leres.

Kados ngusap-ngusap ka’bah, maqom Ibrahim lan sanes-sanesipun.

Kados ngaten meniko sedanten mboten wonten nash saking Al-Qur’an lan Sunnah.

Allah ta’ala ngendiko:

مَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا.

“Opo kang diwenehne Rosul marang siro tindakno, lan opo kang dilarang kanggo siro tinggalno.” (QS. Al-Hasyr[59]:7).

Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam ngendiko:

مَنْ أَحْدَثَ فِي أَمْرِنَا هَذَا مَا لَيْسَ مِنْهُ فَهُوَ رَدٌّ. مَنْ عَمِلَ عَمَلاً لَيْسَ عَلَيْهِ أَمْرُنَا فَهُوَ رَدٌّ.

“sopo wonge kang gawe-gawe perkoro anyar ono agomo kang ora ono dasare amalan kono mau bakal ditolak.” “Sopo wonge kang nindakne amalan kamongko ora ono asal-usule soko kito amalan kono mau bakal di tolak.” (HR. Bukhari 2697, Muslim 1718).

 

Tabarruk dumateng Rasulullah.

Tabaruk (pados berkah) dumateng Rosulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam wonten werni kalih:

Sepindah : mendet barokah mawi dzatipun.

Nomer kalih: mendet barokah kanti maknawi.

Dzat Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam, dipun berkahi Allah ta’ala sae naliko tasih gesang utawi sak sampunipun sedo, nggih meniko nopo ingkang wonten kaitanipun kalih Rasulullah sallallahu ‘alaihhi wa sallam, kados potongan rambut, rasukan, bejana, lan sanesipun, poro ulama sepakat bileh dzatipun Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam meniko dipun berkahi dining Allah subhanahu wa ta’ala,

Umu salamah nggadahi bejana ingkang saking perak, isinipun potongan rambut Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam, menawi wonten sahabat ingkang sakit rencang-rencangipun meto dumateng Umu Salamah, lajeng umu salamah ngilingne toyo kolo wau wonten bejana inkang wonten potongan rambut Rasulullah kolo wau lajeng dipun unjukne dumateng sahabat ingkang sakit kolo wa, kanti ijin Allah subhanahu wa ta’ala mantun. (Syarah Riyadhus Shalihin bab Tahrimi Inaaidz dzahabi wa inaail fidhdzati, Syaikh Muhammad bin Shalih al-Utsaimin).

Semanten ugi poro Nabi lan para Rasul sanesipun.

Allah ngendiko:

وَبَقِيَّةٌ مِمَّا تَرَكَ آلُ مُوسَى وَآلُ هَارُونَ تَحْمِلُهُ الْمَلَائِكَةُ.

“Siso-siso tinggalan keluarga Musa lan keluarga Harun, kang digowo malaikat.” (QS. Al-Baqarah[2]:248).

Ibnu Abbas berkata, “Makna ayat iki yoiku tinggalan tongkat Nabi Musa dan lembaran-lembaran lauh (Taurat).” (Tafsir Ibnu Katsir QS. Al-Baqarah[2]:248).

Menawi tabarruk dumateng kanjeng nabi Muhammad arupi maknawi, nggih meniko ngamalaken nopo ingkang dipun dawuhaken kanjeng nabi Muhammad sallallahu ‘alaihi wa sallam, arupi sunnah-sunnah ipun, lan sedanten ajaran nabi Muhammad sallallahu ‘alaihi wa sallam katah berkahipun lan pikantuk pahala ingkang ageng, semanten ugi mboten namung kesaenan naging ugi keselamatan.

Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam paring pangandikan:

إِنِّي قَدْ تَرَكْتُ فِيكُمْ شَيْئَيْنِ لَنْ تَضِلُّوا بَعْدَهُمَا: كِتَابَ اللَّهِ وَسُنَّتِي.

“ingsun tinggalne marang siro rong perkoro, menowo siro gondelan rong perkoro kono mau, siro ora bakal sesat selawase, kitabullah (Al Qur’an) lan Sunnah ingsun.” (HR. Al-Hakim di dalam mustadraknya 319, Disahihkan oleh Syaikh al-Albani di dalam Sahihul Jami’ 2937).

Tabaruk (pados berkah) dumateng tiang sholih.

Meniko dipun rinci.

Menawi piambakipun sinau dumateng tiang sholih, nderek bimbinganipun, lajeng ngamalne ilmune ingkang leres, meniko dipun keparengaken.

Nanging menawi tabarruk (pados berkah) kanti dzatipun kados kringet ipun, siso unjukanipun, siso wudhu’ utawi rambutipun, kados ngaten kolo wau sedanten mboten angsal.

Kados nopo kemawon inggilipun derajad tiang shalih mboten bade sami kalih derajad nabi lan rasul, menawi wonten ulama ingkang ngeparengaken amargi piambakipun kolo wau ijtihad, leres pikantuk ganjaran kalih, kelentu pikantuk ganjaran setunggal.

Milo mboten wonten dalil ingkang ndawuhi supados tabarruk dumateng tiang sholih, sae saking Al-Qur’an lan Sunnah shohih.

Kados 10 sahabat ingkang di jamin mlebet sugo, Abu Bakar, Umar, Utsman, Ali, Talhah, Zubair, Abdurrahman bin Auf, Saat bin Abi Waqos, Sa’id bin Zaid, Abu Ubaidah Ibnul Jaroh, meniko tiang-tiang inkang sampun pikantuk kabar mlebet surgo, nanging mboten wonten sahabat sanes ingkang pados berokah dumateng 10 poro sahabat kolo wau.

Nomer tigo : Tabarruk (pados berkah) ingkang syirik.

Tabarruk inkang syirik nggih meniko tabarruk(pados berkah dumateng makhluk), kados ngalap berkah wonten petilasan, kuburan, watu, kayu, wit-witan, ngaten miniko sedanten kados nopo inkang dipun lampahi tiang-tiang musyrik rumiyen.

Syaikh Muhammad bin Abdul Wahab wonten kitab ipun mbetak aken firman Allah ta’ala:

أَفَرَأَيْتُمُ اللَّاتَ وَالْعُزَّىٰ . وَمَنَاةَ الثَّالِثَةَ الْأُخْرَىٰ . أَلَكُمُ الذَّكَرُ وَلَهُ الْأُنْثَىٰ . تِلْكَ إِذًا قِسْمَةٌ ضِيزَىٰ  .إِنْ هِيَ إِلَّا أَسْمَاءٌ سَمَّيْتُمُوهَا أَنْتُمْ وَآبَاؤُكُمْ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ بِهَا مِنْ سُلْطَانٍ ۚ إِنْ يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَمَا تَهْوَى الْأَنْفُسُ ۖ وَلَقَدْ جَاءَهُمْ مِنْ رَبِّهِمُ الْهُدَىٰ.

“Apa patut kanggo siro (hai wong-wong kang musyrik) nganggep Lata Uzza, lan telune Manat kang disek dewe, mbok anggep anak-anake wadhan Allah, opo patut kanggo siro anak lanang lan kanggo Allah anak wadhan. mestine koyo mengkono mau pandum kang ora adil, kuwi ora liyo jeneng-jeneng kasing siro lan mbbah-mbah siro njenengke, Allah babar pisan ora ngwenehi keterangan (nbenerne kesyirikan siro), wong-wong kono mau mung meloni sangkakane, lan meloni howo nafsune, lan sak temene wes teko pituduh kanggo wong-wong kono mau soko Gustine.” (QS. An-Najm [53]: 19-23).

Ayat meniko nedahaken pengingkaran dumateng tiang-tiang musyrik engkang sami nyembah dumateng kayu lan watu.

Latta, biyen wong kang kulino ndeplok gandum banjur di wenehne wong kang haji, ujudipun watu dipun ukir, wonten malih ingkang ngendikaaken kuburan.

‘Uzza nggih meniko wit-witan ingkang dipun paringi tirai utawi takbir, ingkang wonten Thaif.

Manat meniko berholo ingkang manggenipun wonten musyalal daerah Qodid antawis Makah lan madinah. (tafsir Ibnu Katsir QS-An-Najm[53]:10-23).

Saking Abu Waqid al-Laitsi radhiyallahu’anhu, piambakipun ngendiko:

كُنَّا مَعَ رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ بِحُنَيْنٍ وَنَحْنُ حَدِيثُو عَهْدٍ بِكُفْرٍ فَمَرَرْنَا عَلَى شَجَرَةٍ يَضَعُ الْمُشْرِكُونَ عَلَيْهَا أَسْلِحَتَهُمْ يُقَالُ لَهَا: ذَاتُ أَنْوَاطٍ فَقُلْنَا: يَا رَسُولَ اللَّهِ، اجْعَلْ لَنَا ذَاتَ أَنْوَاطٍ كَمَا لَهُمْ ذَاتُ أَنْوَاطٍ فَقَالَ: " اللَّهُ أَكْبَرُ قُلْتُمْ كَمَا قَالَ أَهْلُ الْكِتَابِ لِمُوسَى عَلَيْهِ السَّلَامُ {اجْعَلْ لَنَا إِلَهًا كَمَا لَهُمْ آلِهَةٌ} [الأعراف: 138] " ثُمَّ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: إِنَّكُمْ سَتَرْكَبُونَ سَنَنَ مَنْ كَانَ قَبْلَكُمْ.

“Kito bebarengan karo Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam ono medan palagan, tumuju ono Hunain, lan kito durung suwe metu soko kekufuran, banjur kito ngliwati marang uwet kang wong musyrikin podo nggantungne pedang-pedange ono sak nduwure wit kono mau, wong do nyebut uwit kuwi wit “dzatu anwath,” banjur kito kono mau matur dumateng kanjeng nabi, “ Ya Rasulullah menawi kemawon panjenengan damelne kito dzatu anwath kados kagungane tiang-tiang musyrik kolo wau, lajeng Rasulullah ngendiko, “ Allahu Akbar” siro kondo koyo dene ahlul kitab kondo marang Musa ‘alaihi sallam, “Gawekne kanggo kito sembahan koyo dene wong-wong kae nduweni sesembahan.” (QS. Al-A’raf[7]:138), Lajeng Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam ngendiko, sak temene siro kuwi bakal meloni sunnahe wong sak durunge siro. (HR. Abu Dawud 1443, Tirmidzi 2180 di sahihkan Syaikh al-Albani di dalam al-Miyskah 5369).

Bapak ibu jama’ah rahimani wa rahimahullah.

3.   Katahipun tiang islam ingkang klentu.

Pranyoto nopo ingkang dipun lampahi tiang-tiang musyrik rumiyen meniko ugi dipun lampahi seperangan kaum muslimin.

Tabarruk wonten kuburan.

Katah kaum muslimin ingkang pados berkah wonten kuburan-kuburan, petilasan-petilasan, kados kuburan Joko Tingkir (kyai butuh), Pangeran samodro wonten Gunung kemukus, pangeran Sambernyowo lan katah sak estu kuburan-kuburan inkang sami dipun suwuni berkahipun, malah sak meniko katah ingkang dipun damel panggenan wisata.

Tabarruk wonten wit-witan.

Tiang islam ugi katah ingkang tabarruk dumateng wit-witan, kados dumateng alas puwo wonten Banyuwangi, ringin kembar wonten Jogja, kandang bubrah wonten Wonogiri, lan ugi wit-witan ingkang wonten punden ingkang tasih katah diugemi masyarakat kito.

Tabrruk wonten panggenan ingkang dipun anggep wingit.

Kados wonten gunung, pinggir segoro, tempuran lepen lan sanesipun.

Tabarruk dumateng kewan.

Tabaruk (pados berkah) dumateng kewan, kados kotoran kebu bule kyai slamet, iwak, sapi, kucing lan sanes-sanesipun.

Tabarruk dumateng zimat.

Tabarruk dumateng zimat-zimat kados, keris, tumbak, badik, pedang, kol buntet, akik, merah delima, siung, kulit badak, lan sanes-sanesipun.

Meniko mboten leres menawi dipun empakne kalih tilaran nipun poro nabi lan rosul.

Tabarruk wonten wedal mboten leres.

Sasi suro sami mlampah wonten gunung, guwo, sumur, lan sanesipun.

Sasi Suro ngumbah gaman, arit, lencek, garbu, pacul, pasah, tatah lan sembarang ndengah.

Tabarruk kados ngaten meniko tabarruk ingkang syirik, menawi dipun yakini sedanten kolo wau saget ndugeaken manfaat lan madhorot saking saneseipun Allah ta’ala.

4.   Subhat lan bantahanipun.

Menawi tiang-tiang kolo wau nggadahi pemanggih, kasunyatane hasil, sak estu meniko istidroj.

Istidroj nggih meniko (dilulu wonten kebinasaan nanging mboten rumaos).

Allah subhanahu wa ta’ala ngendikaaken:

وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا أَنَّمَا نُمْلِي لَهُمْ خَيْرٌ لِأَنْفُسِهِمْ إِنَّمَا نُمْلِي لَهُمْ لِيَزْدَادُوا إِثْمًا وَلَهُمْ عَذَابٌ مُهِينٌ.

“Lan Jo pisan-pisan wong-wong kafir kuwi ngiro anggone kito ngwenehi tempo marang deweke kuwi luweh becik kanggo deweke, kito ngwenehi tempo marang wong-wong kono mau yo mung supoyo tambah doso-dosone lan wong-wong kono mau bakal nompo azab kang ngasorake.” (QS. Al-Imron[3]:178).

فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ أَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍ حَتَّى إِذَا فَرِحُوا بِمَا أُوتُوا أَخَذْنَاهُمْ بَغْتَةً فَإِذَا هُمْ مُبْلِسُونَ.

“Naliko wong-wong kono mau podo nglalekne peringatan kang di wenehne marang deweke, banjur kito buka lawang-lawang kesenengan kanggo deweke, hinggo naliko wong-wong kono mau podo mbungahi opo kang diwenehne marang deweke, banjur kito sikso wong-wong kono mau kanti dadakan, banjur wong-wong kono mau podo meneng putus asa.” (QS. Al-An’am[6]:44).

Rasulullah sallallahu ‘alai wa sallam ngendiko:

إِذَا رَأَيْتَ اللهَ تَعَالَى يُعْطِي الْعَبْدَ مِنَ الدُّنْيَا مَا يُحِبُّ وَهُوَ مُقِيمٌ عَلَى مَعَاصِيْهِ فَإِنَّمَا ذَلِكَ مِنهُ اسْتِدْرَاجٌ.

 

“Menwo siro ndeleng Allah ngweneni marang hamba soko perkoro ndonyo kang disenengi, kamongko hamba kono mau tansyah nindakne maksiat marang Allah, ngertenono menowo kuwi ora liyo istidroj.” (HR. Ahmad 4: 145. Syaikh al-Albani berkata Shahihi, di dalam shahihul jami’414).

Allah subhanahu wa ta’ala ngawisi sedanten ngaten meniko, Allah ta’ala ngendiko:

وَلَا تَدْعُ مِنْ دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنْفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَ فَإِنْ فَعَلْتَ فَإِنَّكَ إِذًا مِنَ الظَّالِمِينَ.

“Ojo kowe manembah marang sak liyane Allah, opo kang ora biso ngwenehi manfaat lan nekakne madhorot, menowo siro nindakne koyo mengkono mau sak temene siro klebu wong kang dzolim.” (QS. Yunus[10]:106).

5.   Bahaya kesyirikan.

 

1)         Doso syirik ora diampuni menowo durung tobat sak durunge mati.

Allah ta’ala negendiko:

إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ.

“Sak temene Allah ora ngampun doso syirik, nanging ngampuni doso sak liyane syirik marang sopo kang Allah kersaskne.”(QS. An Nisaa [4]: 48)

2)         Doso syirik bakal mbusak amal ibadah.

وَلَقَدْ أُوحِيَ إِلَيْكَ وَإِلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكَ لَئِنْ أَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.

“sak temene wes diwahyu’ne marang siro lan wong-wong sak durunge siro, menowo siro nndakne kesyirikan bakal kebusak amal siro lan siro klebu wong kang rugi.” (QS. Az Zumar [39]: 65)

وَلَوْ أَشْرَكُوا لَحَبِطَ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ.

“Menowo wong-wong kono mau nyekutokake(Allah) temen bakal hapus amal-amalane kang wes di tindakne.” (QS. Al An’am [6]: 88)

3)         Kemusyrikan sumber  musibah ndonyo lan akhirat.

 Umat rumiyen dipun adzab Allah ta’ala amargi nindakaken kesyirikan, Allah ta’ala ngendiko:

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالأرْضِ وَلَكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ.

“Menowo penduduk negri kono mau podo iman lan taqwa, temen bakal kito buka keberkahan soko langit lan bumi, nanging wong-wong kono mau podo nggorohne mulo kito sikso kanti sebab opo kang wes ditindakne.”     (QS. Al A’raf [7]: 96).

Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam ngendiko:

مَنْ مَاتَ يُشْرِكُ بِاللَّهِ شَيْئًا دَخَلَ النَّارَ وَقُلْتُ أَنَا وَمَنْ مَاتَ لَا يُشْرِكُ بِاللَّهِ شَيْئًا دَخَلَ الْجَنَّة.

“Sopo wong mati kanti nyekotoake marang Allah marang opo wae deweke bakal mlebu ono neroko, lan sopo mati ora nyekotokake marang opo wae dewee bakal mlebu ono surgo.” Bukhari 4227, Muslim 92).

 

6.   Allah ngampuni doso syiri lan sak kabehe doso.

Allah ta’ala ngendiko:

قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَى أَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِنْ رَحْمَةِ اللَّهِ إِنَّ اللَّهَ يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.

“Kandakno (he Rosul), He hamba-hambaku kang ngluwihi wates marang awak-awake, ojosiro kabeh podo putus asa soko rahmate Allah, sak temene Allah ngampuni sak kabehing doso.” (QS. Az-Zumar[39]:53).

7.   Allah bakal ngumpulne wong iman bareng keluargane ono surgo.

Allah ta’ala ngendiko:

جَنَّاتُ عَدْنٍ يَدْخُلُونَهَا وَمَنْ صَلَحَ مِنْ آبَائِهِمْ وَأَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ.

“Surgo‘Adn kang mlebu ono njerone wong-wong kang sholih soko bapak-bapake, bojo-bojone, lan anakputune.” (QS. Ar-Ra‘du[13]: 23).

 

Ibnu Katsir rahimahullah ngendiko: “Allah bakal ngumpulne    bebarengan karo wong-wong kang ditresnani ono surgo yoiku bapak-bapake, keluargane, lan anak-anake sing patut mlebu surgo soko wong kang iman, supoyo atine pdo seneng, Allah bakal ngangkat derajate kang cendek tanpo ngedonke derajate wong kang duwur.

Kados firmanipun Allah ta’ala:

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُمْ بِإِيمَانٍ أَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَا أَلَتْنَاهُمْ مِنْ عَمَلِهِمْ مِنْ شِيْءٍ كُلُّ امْرِئٍ بِمَا كَسَبَ رَهِينٌ.

“Lan wong-wong kang imanugo putu-putune kang meloki kanti keimanan, kito bakal temokne wong-wong kono mau marang anak lan putune (ono surgo).” (QS. Ath-Thur[52]: 21),

 Mugi-mugi kito sedanten tiang ingkang dipun tebihaken saking tumindak kesyirikan, sehingga Allah lebetaken kito sedanten wonen surgo aamiin.

 

Sragen 07 Agustus 2023.

Junaedi Abdullah.

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MUHASABATUN NAFS.

KOREKSI DIRI DAN ISTIQAMAH SETELAH RAMADHAN. Apakah kita yakin bahwa amal kita pasti diterima..?, kita hanya bisa berharap semoga Allah mene...