إنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ
بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ
اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ
لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ
إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً
وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ
عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ
لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ
وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا
بَعْدُ
فَإِنَّ
خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ, وَشَرَّ
الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ
ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ
Suara
takbir,tahmid, lan tahlil ngumandang wonten pundi-pundi panggenan tansyah
ngagungaken Allahl panci mboten wonten engkang nggadahi haq di pun sembah kejawi
namung Allah, mboten wonten engkang langkung ageng sak liane Allah, lan
namung Allah engkang nggadahi hak dipun puji. Allahu akbar… Allahu Akbar..
Raos bungah
wonten manah, naliko mireng gema takbir, tahlil, lan tahmid kados dene tumancep
wonten manah, langkung malih sak sampunipun kito saget nglampahi dawuhipun
Allah kanti muput. Allahu Akbar.
Ananging mboten
sekedik sederek-sederek kito wonten negri kito lan ugi luar negri kados dene
teng Miyanmard, Palestina, Suriah, lan sanes-sanesipun teng pundi kaum muslimin
dipun pejahi, di pun sikso, di tindes, di pun usir lan dipun rampas haq-haqipun
sehinggo katah engkang mboten saget ngraosaken bungah wonten dinten riadi
meniko, kito namung saget ndongakne mugi-mugi Allah tansyah paring pinayungan
dumateng kito lan piyambaipun. Amin.
Sederek-sederek
kulo kaum muslimin rahimakumulloh.
Sedanten
menungso sami ngupoyo pripun saget nggayuh kebahagiaan wonten gesangipun, kanti
maneko warno coronipun, semanten ugi nopo engkang dados angen-angen tiang,
katah tiang ngangen-angen menowo bondone katah mesti bungah (bahagia)uripe, menowo panggkate duwur bakal kajen, wong podo
nunduk lan mantuk-mantuk, mesti bungah uripe.., wonten malih engkang gadah
pemanggih menowo bojone ayu mesti bungah.. lan sanes-sanesipun ingkang
tujuanipun sami…. pripun nggayuh kebahagiaan wonten ndonyo meniko.
Pemanggih
sedanten kolo wau pun sami dipun cobi, mboten setunggal kalih tiang, ananging ewonan
tiang sami sampun nyobi, pranyoto mboten saget ndugekaken kebahagian engkang
sak estu, kados dene Qorun, kurange nopo sugehe….? anangeng mbeto dumateng kasengsaran…, semanten
ugi Fir’aun, kurang nopo duwur pangkate …, ananging mbeto dumateng
kacilakan…., Habil putra nabi Adam kang
mburu bojo kang ayu.., kanti tegel mateni adine, akhiripun getun lan kewirangan..,
semanten ugi kito persani…, panggesangan
para bintang film lan artis… ketingal gemerlap… glamor ananging namun lap-lappan… sehingga katah
engkang nglalu(bunuh diri)…, tiang engkang kepingin saget bahagia kanti coro
wonten nginggil kolo wau mboten sanes namung kebahagiaan engkang semu,
Lajeng pripun
kito supados saget nggayuh ke bahagiaan haqiqi kolo wau sejatosipun….? Allahl
ngendiko:
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ
فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ
مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Sopo wonge kang
nindakne amal sholeh becik lanang utowo wadon, lan deweke iman, engsun bakal
menehi marang dewee panguripan kang becik, lan engsun bakal malesi marang
deweke ganjaran kang luweh becik marang opo kang wes di lakoni. Qs.16 An Nahl: 97.
Ibnu katsir
rahimahullah ngendiko: “amal shalih
yaiku kang manut miturut kitabullah lan sunnah nabi sallallhu ‘alaihi wa
sallam, kanti manahipun iman dumateng Allah, Allah bade paring kebahagiaan
gesang ipun wonten donyo lan angsal walesan kesaenan njengben wonten akhirat”. Tafsir Al Adhim QS 16.An Nahal:97
Jama’ah sholat
idul fitri engkang di pun muyaaken Allah.
Sejatosipun katah
haq-haq engkang kedah kito lampahi wonten dinten engkang bahagia meniko,
1.
Haq ipun Allah subhanahu wata’ala
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالإنْسَ إِلا
لِيَعْبُدُون
“Lan engsun ora nyipto jin lan menungso gejobo
supoyo manyembah marang ingsun” . QS. Adz Dzariyat: 56).
وَاعْبُدُواْ
اللّهَ وَلاَ تُشْرِكُواْ بِهِ شَيْئاً
"sembahen Allah lan ojo siro nindakne syirik
marang Allah marang opo wae." QS 4
An-Nisaa': 36
إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ
ذَٰلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ
Sak temene
Allah ora bakal ngampuni doso syirik ananging Allah ngampuni doso sak liane
syirik marang wong kang Allah kersakne. QS 4, An Nisa: 48.
وَلَقَدْ
أُوحِيَ إِلَيْكَ وَإِلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكَ لَئِنْ أَشْرَكْتَ
لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Lan temen
ingsun wes menehi wahyu marang siro lan wong sak durunge siro he rasul, menowo
siro nyekutoake marang Allah temen bakal kebusak sak kabeing amal siro, lan ono
akhirat siro klebu wong kang rugi. QS 39 Az Zumar 65.
2.
Haq tiang sepah.
وَقَضَى رَبُّكَ أَلاَّ تَعْبُدُواْ إِلاَّ إِيَّاهُ
وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَاناً
“sak temene
pangeranmu ngwajibne supoyo ora manyembah kejobo marang Allah lan bekti marang
wong tuo loro ..”. QS.17 Al Isra’:23
3.
Haq sanak kerabat.
إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ
بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاء ذِي الْقُرْبَى
Sak temene Allah merintahkan berbuat adil lan
tumindak becik ngwenehi marang sanak kerabat. QS 16 An Nahl:90
لا يدخل الجنة قاطع يعني قاطع رحم
“Ora
bakal mlebu syurgo wong kang medot silaturahmi” HR Bukhari
Bileh kita
gatossaken sedantan aktifitas ibadah kolowau dipun tuju dumateng ketaqwaan,
kados wonten surat Al Baqarah ayat 21ugi ayat 183 babakan siam lan
sanes-sanesipun.
Amargi
ketaqwaan kolo wau bade mbeto kebahagiaan haqiqi wonten ndonyo langkung malih
njing mben wonten akhirat.
1.
Wong kang takwa bakal marisi Syurgo
تِلْكَ
الْجَنَّةُ الَّتِي نُورِثُ مِنْ عِبَادِنَا مَنْ كَانَ تَقِيًّا
Syurgo koyo
mengkono mau ingsun waresne kanggo wong kang tansah taqwa . QS.19. Maryam:63
2.
Allah I remen dumateng tiang ingkang taqwa.
بَلَى
مَنْ أَوْفَى بِعَهْدِهِ وَاتَّقَى فَإِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِينَ
Ananging
kanggone wong netepi janjine lan deweke takwa, sak temene Allah demen marang
wong kang taqwa.QS.3 Al Imraan:76
3.
Taqwa bakal ndadosaken berkah saking langit lan bumi.
وَلَوْ
أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ
السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ
Menowo penduduk
negri kono mau iman lan taqwa temen bakal engsun wenehi berkah soko langit lan
soko bumi. QS.7.Al
‘Araaf:96
4.
Allah tansyah sesarengan kaleh tiang-tiang taqwa.
إِنَّ
اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
Sak temene
Allah tansah barengkaro wong kang taqwa
lan tumindak kebeciaan. QS.16
An Nahl:128
5.
Allah bade nggampelaken perkawes-perkawis tiang taqwa.
وَمَنْ
يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا
Sopo wonge kang
taqwa marang Allah Allah bakal ndadekne urusane gampang.QS.65 At Talaaq:4
6.
Taqwa bekal engkang paling sae
وَتَزَوَّدُوا
فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
Podo cepacepako
sangu siro kabeh ananging sak becik-becike bekal yo iku
taqwa. QS.2:197
7.
Akibat engkang sae bade dipun tampi tiang-tiang engkang taqwa.
وَالْعَاقِبَةُ
لِلْمُتَّقِينَ
Akibat kang
beci kanggone wong kang taqwa." QS.7 Al ‘Raaf:128
Sehinggo tiang
taqwa meniko teng pudi papan lan panggenan bade nuwuh aken kesaenan (maslahat)
ndonyo langkung maleh mbenjeng wonten akhirat.
Kosok balene
menowo menungso mlengos saking pepiling Allah, Allah bakal ndadosaken rekaos
gesangipun:
وَمَنْ أَعْرَضَ عَن ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ
مَعِيشَةً ضَنكًا وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَى
Sopo wonge mlengos soko pepeling ingsun deweke
bakal nemoni panguripan kang rekoso, lan ingsun bakal klumpokne ono dino
kiyamat kanti pandeleng kang wuto. QS.20 Thaahaa:
124
Semanten ugi
syaiton engkang ngancani piambakipun.
وَمَنْ
يَعْشُ عَنْ ذِكْرِ الرَّحْمَنِ نُقَيِّضْ لَهُ شَيْطَانًا فَهُوَ لَهُ قَرِينٌ
sopo wonge kang
mlengos soko pepeleng pangerane engson dadekne syaiton kang tansyah ngancani
dewee.QS.43 Az
Zuhruf:36
Jama’ah ‘idul
fitri rahimakumullah
Ndonyo ingkang
kita sami podo jejibaku sami di rewangi jegal-jegalan, cakar-cakaran, mungsuhan
ngantos mboten akur, sejatosipun mboten wonten mbejajine bileh di bandingaken
kalih akhirat, mulo rasulullah r ngendiko:
لَوْ
كَانَتِ الدُّنْيَا تَعْدِلُ عِنْدَ اللهِ جَنَاحَ بَعُوضَةٍ مَا سَقَى كَافِرًا
مِنْهَا شَرْبَةَ مَاء
Mugi-mugi kito
sami kemutan menowo kito gesang wonten ndonyo menikko namung ujian, ampun
ngantos kito kesengsem lan kesupen kalih tujuan kito, langkung malih ngantos
ngorbane akhirate, Allah ngendiko:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ
وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ
he wong kang
iman taqwao siro kabeh marang Allah, lan sakben jiwo supoyo nggatekne opo kang
wis di tindakne kanggo dino sesok… QS 62 Al-Hasyr: 18.
قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَا
الدُّنْيَا فِي الْآخِرَةِ إِلَّا مِثْلُ مَا يَجْعَلُ أَحَدُكُمْ إِصْبَعَهُ فِي
الْيَمِّ فَلْيَنْظُرْ بِمَاذَا يَرْجِعُ
Rasulullah sallallhu ‘alaihi wa sallam ngendiko “ Ndonyo kono mau menowo di bandingne akhirat koyo dene salah sawijineng siro nyelupne drijine ono segoro, deloken sepiro banyu kang katut ono ndriji kono mau “.HR. Tirmidzi : 2245
Jama’ah idul
fitri engkang dipun mulyaaken Allah kita mboten dangu maleh bade soang-soang
wangsul dumateng ngarsane Allah, ampun ngantos kito mangke getun keduwong,
Allah ngendiko:
حَتَّى إِذا جاءَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قالَ
رَبِّ ارْجِعُونِ . لَعَلِّي
أَعْمَلُ صالِحاً فيما تَرَكْتُ كَلاَّ إِنَّها كَلِمَةٌ هُوَ قائِلُها
وَ مِنْ وَرائِهِمْ بَرْزَخٌ
إِلى يَوْمِ
يُبْعَثُونَ.
Nganti menowo
maut kono mau teko marang wong-wong kono mau deweke podo kondo, “ Duh tuhan
kulo panjenengan wasulaken kulo wonten donyo malih, supados kulo saget amal
sholih engkang rien kulo tilaraken. sepisan-pisan ora bakal di balekake, ora
liyo kono mau omongan kang ngoyo woro. QS 23 Al Mu’minun:99-100.
Sak derange
kulo nutup kulo ngemutaken dumateng tiang estri kados dene Rosululluh`
ugi sampun ngemutaken bileh piambakipun ngendiko:
يَا
مَعْشَرَ النِّسَاءِ تَصَدَّقْنَ وَأَكْثِرْنَ الِاسْتِغْفَارَ فَإِنِّي رَأَيْتُكُنَّ
أَكْثَرَ أَهْلِ النَّارِ فَقَالَتْ امْرَأَةٌ مِنْهُنَّ جَزْلَةٌ وَمَا لَنَا يَا
رَسُولَ اللَّهِ أَكْثَرَ أَهْلِ النَّارِ قَالَ تُكْثِرْنَ اللَّعْنَ
وَتَكْفُرْنَ الْعَشِيرَ
“Hai poro wong
wadon siro podo sodaqoho lan ngokeh-okehono anggone siro istigfar, amargo aku
ndeleng akeh-akehe penduduk Neroko wong wadon”, lajeng wonten salah setunggale
tiang setri jazlah matur” kengeng menopo kito ya Rasululloh?amargo kowe kokehen
nglaknat, lan kufur marang nikmat” Bukhori
Muslim.
Rosululloh`
ndawuhi supados syukur saking nikmat meniko kanti coro ningali tiang woten
ngandap kito
انْظُرُوا
إِلَى مَنْ أَسْفَلَ مِنْكُمْ وَلَا تَنْظُرُوا إِلَى مَنْ هُوَ فَوْقَكُمْ
فَإِنَّهُ أَجْدَرُ أَنْ لَا تَزْدَرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ
“Ingetono wong
sak ngisormu ojo ngingeti wong sak nduwormu, amargo koyo mengkono mau luweh
cocok tumrap siro lan ora nganggep cilek ni’mate Allah marang siro. Bukhori,
Muslim, Ahmad.
Rasulullah `
ugi ngendiko:
صِنْفَانِ
مِنْ أَهْلِ النَّارِ لَمْ أَرَهُمَا (وَذَكَرَ) وَنِسَاءٌ كَاسِيَاتٌ عَارِيَاتٌ
مَائِلَاتٌ مُمِيلَاتٌ رُءُوسُهُنَّ كَأَسْنِمَةِ الْبُخْتِ الْمَائِلَةِ لَا
يَدْخُلْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يَجِدْنَ رِيحَهَا
“Ono loro
penduduk neroko kang engsun urung tau ngerti (lajeng piambakipun nyebutaken)
wong wadon kang ngenggo klambi ananging iseh wudoh, menowo mlaku sirahe
lenggak-lenggok koyodene punuk onto, wong koyo mengkono mau ora bakal mlebu
Syurgo ugo ora oleh ambune.” Bukhori: (913)Muslim(80).
Niki engkang
saget kulo aturaken mug-mugi saget maringi manfaat kulo lan panjenengan sami
amin.
اللَّهُمَّ
إِنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّا نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
أَنْتَ الأَحَدُ الصَّمَدُ
يَامَنَّانُ
يَابَدِيْعَ السَّمَوَاتِ وَالأَرْضِ. الَّذِي لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ
يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أَحَدٌ , يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ يَا ذَاالْجَلاَلِ
وَالإِكْرَامِ .أَنْ تَمُنَّ عَلَيْنَا بِمَحَبَّتِكَ وَالإِخْلاَصِ لَكَ.وَمَحَبَّةِ
رَسُوْلِكَ وَالاِتِّبَاعِ لَهُ وَمَحَبَّةِ شَرْعِكَ وَالتَّمَسُّكِ بِهِ
يَامُصَرِّفَ
الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا إِلَى طَاعَتِكَ .اللَّهُمَّ يَامُقَلِّبَ
الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى دِيْنِكَ ,اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا
دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا.وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا
الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا.وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا
مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ
زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْر.وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ
اللَّهُمَّ
تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ
هَذَا الْيَوْمِ .وَأَعِدْ أَمْثَالَهُ عَلَيْنَا وَنَحْنُ نَتَمَتَّعُ
بِاْلإِيْمَانِ وَالأَمْنِ وَالْعَافِيَةّ .الْحَمْدُ
لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
A
Ibrahim Junaedi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar