A.Ibrahim 18/8/2012
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ,
وَنَسْتَغْفِرُهُ,
وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا,
وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ
لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ
فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ, وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ
Suara takbir,tahmid, lan tahlil ngumandang wonten pundi-pundi panggenan tansyah
ngagungaken Allahl panci mboten
wonten engkang nggadahi haq di pun sembah kejawi namung Allah, mboten wonten
engkang langkung ageng sak liane Allah,
lan namung Allah engkang nggadahi hak dipun puji. Allahu akbar… Allahu Akbar..
Raos bungah
wonten manah kito naliko mireng gema takbir, tahlil, lan tahmid kados dene
tumancep wonten manah langkung malih sak sampunipun kito saget nglampahi
dawuhipun Allah kanti muput. Allahu Akbar.
Ananging mboten sekedik sederek-sederek kito wonten negri kito lan ugi
luar negri kados dene teng Miyanmard, Palestina, Suriah, lan sanes-sanesipun
teng pundi kaum muslimin dipun bedili, di cel-cel, tindas lan dipun rampas
haq-haqipun sehinggo katah engkang mboten saget ngraosaken bungah wonten dinten
riadi meniko kito namung saget ndongakne mugi-mugi Allah tansyah paring
pinayungan dumateng kito lan piyambaipun.
Amin.
Sederek-sederek kulo kaum muslimin rahimakumulloh.
Kulo kinten
sedanten menungso kolowau sami sepakat bileh tiang gesang meniko bade ngupoyo
pripun saget nggayuh kebahagiaan kanti maneko warno coronipun, wonten tiang engkang nggadahi angen-engen nek
dunyane okeh mesti bungah (bahagia), wonten engkang nggadahi pemanggih menowo
panggkate duwur uwong podo ngajeni bakal bahagia, ugi wonten engkang nggadahi
pemanggih menowo nduweni bojo ayu utowo bagus bakal bahagia.
Pemanggih sedanten kolo wau pun sami dipun cobi mboten
setunggal kalih tiang ananging ewonan tiang sampun sami nyobi, pranyoto mboten
saget ndugekaken kebahagian engkang sak estu, kados dene Fir’aun, kurang opo duwure
pangkate, koyo dene Qorun, kurange opo sugehe, koyo dene anake nabi Adam kang
mburu bojo kang ayu, kanti tegel mateni adine, kurang ayune opo bintang film
ananging ora podo nemokne ke bahagiaan, wonten ndonyo meniko, sing sugeh, sing nduweni
pangkat kondang, sing bojone ayu utowo bagus, katah podo mati ngenes utowo
bunuh diri. Sedanten tiang-tiang kolo wau sami podo kepingen lan ngupoyo pripun
saget gesang bahagia, ananging sedanten kolo wau sami gagal.
Lajeng pripun kito saget nggayuh ke bahagiaan haqiqi kolo wau. Allahl ngendiko:
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Sopo wonge kang ngamalke
amalan sholeh becik lanang utowo wadon, lan deweke iman engsun bakal menehi
marang dewee panguripan kang becik, lan engsun bakal malesi marang deweke
ganjaran kang luweh becik marang opo kang wes di lakoni. Qs.16 An Nahl: 97.
Allah ugi ngendiko:
mangertosi namine
menungso purun mboten purun bakal tetep obah (ngamal) ananging kanggone wong
kang iman naliko saget nglampahi kesaenan ruamaos remen bungah neng mboten
mbungahi,(membanggakan).
Sing sugeh wedi
mlarat, bangkrut,…..
sing pangkate duwur wedi di pecat di demo, ……
sing bojone ayu
kuatir menowo ….? Siji-siji untune podo copot rambute maleh, mangan daging
sitek tensine duwor, kolestrole duwor, asam urate kambuh,. Allah ugi ngabarne:
وَمَنْ يَعْشُ عَنْ ذِكْرِ الرَّحْمَنِ نُقَيِّضْ لَهُ شَيْطَانًا
فَهُوَ لَهُ قَرِينٌ
sopo wonge
kang mlengos soko pepeleng pangerane engson dadekne syaiton kang tansyah
ngancani dewee.QS.43 Az Zuhruf:36
Jama’ah ‘idul
fitri rahimakumullah sejatosipun wonten pangkat inggel engkang kedah kito gayuh
pangkat menopo meniko….? Nggih niku taqwa , sak niki sinten sing ajeng serek
kalih wong taqwa..?pun monggo nek ajeng serik utowo meri malah kulo jak sesarengan
tumuju taqwa, mboten namung sementen anannging resep-resepipun kulo caosne. Kito
tasih kemutan bileh Allah l ngendiko:
يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ
قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Hei menungso sembahen pangeranmu kang wes nyipto siro lan ugo wong sak
dunge iro supoyo siro dadi wong kang taqwa. QS.2.Al Baqoroh:21.
Bileh kito
gatosaken ibadah-ibadah engkang Allah dawuhaken meniko sak estu bade mbeto
menungso dumateng derajat taqwa, kados ngucap sahadatain ( kanti pemahaman kang
leres) sholat, zakat, siam, lan sanes-sanesipun. Mulo Allah lngendiko :
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى
الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Hei wong kang iman di wajibne marang siro kabeh
poso koyo dene di wajibne marang wong-wong sak durunge siro supoyo siro dadi
wong kang taqwa. QS.2.Al
Baqoroh:183.
Sehinggo rino wengi kito di
gembleng di didik, wetenge ngintir-inter di rewangi nekat matun, mripate
ngantuk di rewangi sholat wengi, beteke kepengen nduweni pangkat taqwa sehinggo
taqwa meniko panci cekak kalimate ananging nduweni muatan kang lebet, jembar,
indah, mulo katah ayat lan hadis ingkang nyebateken wasiat taqwa, menowo wonten
kalimat sanese engkang langkung sae mesti sampun di pun sebat, anangeng
pranyoto Allah lan Rasule tansyah nggunakne kalimat taqwa. Ittaqullah…
Tiang taqwa teng pudi papan
lan panggenan bade nuwuh aken maslahat (kesaenan)
ndonyo langkung maleh mbenjeng wonten akhirat. Niki rahasia kito di didik supados dados tiang
taqwa
Ciri-ciri tiang taqwa:
Tansyah ikhlas sedanten
amalan-amalane, lajeng iman dumateng perkoro kang gaib, njogo shalat, ngetokne
zakat, iman dumateng nopo engkang sampun di pun andapaken Allahlkitab-kitab, tansyah ngabekti dumateng
tiang sepoh, nyambung seduluran ora srei dengki, medit, ngganggu tonggo-teparo tansyah
njogo omongane, tansyah nggatekne urusane dewe lan tansyah maringi pangapunten
dumateng tiang sanes, mboten purun damel cidro tiang sanes engkang sedanten
kolo wau dipun sebataken kalih Ibnu rajab Al Hambali taqwa :“ ndadekne tameng
antarane deweke karo opo kang di pun ajrihi nggih niku Allah soko murko lan
siksone kanti coro nglakoni nopo engkang dipun dawuhaken Allah lan nebihi
ingkang dipun awisi.
Lajeng entok-entokane nopo kanggone wong
taqwa meniko:
1.
Wong kang takwa bakal marisi Syurgo
تِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِي نُورِثُ مِنْ عِبَادِنَا مَنْ كَانَ
تَقِيًّا
Syurgo
koyo mengkono mau ingsun waresne kanggo wong kang tansah taqwa .
QS.19. Maryam:63
إِنَّ لِلْمُتَّقِينَ مَفَازًا (31) حَدَائِقَ وَأَعْنَابًا (32)
وَكَوَاعِبَ أَتْرَابًا (33) وَكَأْسًا دِهَاقًا (34) لَا يَسْمَعُونَ فِيهَا
لَغْوًا وَلَا كِذَّابًا
Sak temene wong kang taqwa bakal oleh kemenagan. Nggoni kebon-kebon
kang kebak woh anggur. Gadis-gadis seng seumuran. Lan gelas-gelas kebak ombenan. Ora tahu krungu omongan kang sio-siolan
omongan goroh. QS.78.An
Naba’:31-35
2.
Allahlremen dumateng
tiang ingkang taqwa.
بَلَى مَنْ أَوْفَى بِعَهْدِهِ وَاتَّقَى فَإِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ
الْمُتَّقِينَ
Ananging
kanggone wong taqwa lan netepi janji sak temene Allah demen marang wong kang
taqwa.QS.3 Al Imraan:76
3.
Taqwa bakal ndadosaken berkah saking langit lan bumi.
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا
عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ
Menowo
penduduk negri kono mau iman lan taqwa temen bakal engsun wenehi berkah soko
langit lan soko bumi.
QS.7.Al ‘Araaf:96
4.
Allah tansyah sesarengan
kaleh tiang-tiang taqwa.
إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ
مُحْسِنُونَ
Sak
temene Allah tansah bareng wong kang taqwa lan tumindak kebeciaan. QS.16 An Nahl:128
5.
Allah bade nggampelaken perkawes-perkawis tiang taqwa.
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا
Sopo
wonge kang taqwa marang Allah Allah bakal ndadekne urusane gampang.QS.65 At Talaaq:4
6.
Taqwa bekal engkang paling
sae
3 وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
Podo cepacepako sangu siro kabeh ananging sak becik-becike bekal yo iku
taqwa. QS.2:197
7.
Akibat engkang sae bade dipun tampi tiang-tiang engkang taqwa.
وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِينَ
Akibat kang beci
kanggone wong kang taqwa."
QS.7 Al ‘Raaf:128
Sak derange kulo nutup kulo ngemutaken
dumateng tiang estri kados dene
Rosululluh` ugi sampun ngemutaken bileh piambakipun ngendiko:
يَا مَعْشَرَ النِّسَاءِ تَصَدَّقْنَ وَأَكْثِرْنَ الِاسْتِغْفَارَ فَإِنِّي رَأَيْتُكُنَّ أَكْثَرَ أَهْلِ النَّارِ فَقَالَتْ امْرَأَةٌ مِنْهُنَّ جَزْلَةٌ وَمَا لَنَا يَا رَسُولَ اللَّهِ أَكْثَرَ أَهْلِ النَّارِ قَالَ تُكْثِرْنَ اللَّعْنَ وَتَكْفُرْنَ الْعَشِيرَ
“Hai poro
wong wadon siro podo sodaqoho lan ngokeh-okehono anggone siro istigfar, amargo
aku ndeleng akeh-akehe penduduk Neroko wong wadon”, lajeng wonten salah
setunggale tiang setri jazlah matur” kengeng menopo kito ya Rasululloh?” Bukhori Muslim.
Rosululloh`
ndawuhi supados syukur saking nikmat meniko kanti coro ningali tiang woten
ngandap kito
انْظُرُوا إِلَى مَنْ أَسْفَلَ مِنْكُمْ وَلَا تَنْظُرُوا إِلَى مَنْ هُوَ فَوْقَكُمْ فَإِنَّهُ أَجْدَرُ أَنْ لَا تَزْدَرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ
“Ingetono wong sak ngisormu ojo
ngingeti wong sak nduwormu, amargo koyo mengkono mau luweh cocok tumrap siro
lan ora nganggep cilek ni’mate Allah marang siro. Bukhori, Muslim, Ahmad.
Rasulullah ` ugi ngendiko:
صِنْفَانِ مِنْ أَهْلِ النَّارِ لَمْ أَرَهُمَا (وَذَكَرَ) وَنِسَاءٌ كَاسِيَاتٌ عَارِيَاتٌ مَائِلَاتٌ مُمِيلَاتٌ رُءُوسُهُنَّ كَأَسْنِمَةِ الْبُخْتِ الْمَائِلَةِ لَا يَدْخُلْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يَجِدْنَ رِيحَهَا
“Ono loro penduduk neroko kang engsun urung tau ngerti
(lajeng piambakipun nyebutaken) wong wadon kang ngenggo klambi ananging iseh
wudoh, menowo mlaku sirahe lenggak-lenggok koyodene punuk onto, wong koyo
mengkono mau ora bakal mlebu Syurgo ugo ora oleh ambune.” Bukhori: (913)Muslim(80).
Niki engkang saget kulo aturaken mug-mugi saget maringi
manfaat kulo lan panjenengan sami amin.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّا
نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ
الأَحَدُ الصَّمَدُ
يَامَنَّانُ يَابَدِيْعَ السَّمَوَاتِ
وَالأَرْضِ. الَّذِي
لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أَحَدٌ , يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ يَا ذَاالْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ .أَنْ تَمُنَّ عَلَيْنَا بِمَحَبَّتِكَ
وَالإِخْلاَصِ لَكَ.وَمَحَبَّةِ رَسُوْلِكَ وَالاِتِّبَاعِ
لَهُ وَمَحَبَّةِ شَرْعِكَ وَالتَّمَسُّكِ
بِهِ
يَامُصَرِّفَ
الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا إِلَى طَاعَتِكَ .اللَّهُمَّ
يَامُقَلِّبَ الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى دِيْنِكَ ,اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا
الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا.وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي
فِيْهَا مَعَاشُنَا.وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ
إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا
فِي كُلّ خَيْر.وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ
شَرٍّ
اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا
صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ .وَأَعِدْ أَمْثَالَهُ عَلَيْنَا
وَنَحْنُ نَتَمَتَّعُ بِاْلإِيْمَانِ وَالأَمْنِ وَالْعَافِيَةّ .الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ
الْعَالَمِينَ
nyuwun ijin copas kangge bahan khutbah njih bapak/ibu
BalasHapusenjih pak bileh dipun kersakne mugi-mugi manfaat amin
Hapussedanten engkang nggadahi keperluan saget kopas, mugi2 saget manfaat.
Hapuskulo nggih kapareng izin mbade ngginaaken damel khutbah..jazakumullah
BalasHapusKulo nggih sami, Insya Allah bade di ngge khutbah, mtr nwn .
BalasHapusKulo nggih sami, Insya Allah bade di ngge khutbah, mtr nwn .
BalasHapusKulo nggih sami, Insya Allah kagem bahan Khotbah
BalasHapusAssalamu'alaikum.. Afwan.. Mohon ijin copy paste kagem khutbah riyaya niki akh.. Syukron jazakallah
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKhutbahnya bagus, ana butuh. Tapi kok waktu nyebutkan keadaan saudara dipalestin, Myanmar dan untune Cepot. Ana kok terpingkal pingkal yo bahasanya. Wkwkwkwkw
BalasHapusambil yang manfaat monggo tinggalkan yang ndak manfaat.
BalasHapusalhamdulillah, khutbahnya bagus,syukron ijinnya,barokalloh.
BalasHapusmateri khutbah yang bagus,tapi mohon maaf nggak ada sholawatnya
BalasHapuskhotbah bagus tp sayang kok tdk ada kalimat takbir ngge dan masalah zakat fitrah nya
BalasHapusnderek copas mas. matur suwun. mampir di blog kulo nggih, salam kenal
BalasHapus